DPAD Yogyakarta

WARNI, WUJUD, LAN SURAOSIPUN BUSANA JAWI

 Artikel Perpustakaan  23 September 2013  Super Administrator  6022

WARNI, WUJUD, LAN SURAOSIPUN BUSANA JAWI
Diringkas dari naskah siaran RRI Yogyakarta 4 Februari 2012.

TITI MUMFANGATI

Wonten tetembungan ajining dhiri saking lathi, ajining raga saking busana. Bab punika mboten wonten tiyang ingkang mancahi, sedaya temtu sarujuk bilih busana wigatos sanget tumraping manungsa ing bebrayan ageng. Saben laladan nggadhahi warni lan jejering busana ingkang tertamtu. Busana Jawi jangkep punika boten nilar jangkeping pangagem ingkang wujud iket blangkon, kados pundi werdining iket blangkon punika. Pancen jejering busana Jawi punika saged numusaken maneka warni, awit saged andayani tumraping slira pribadi lan tiyang sanes. Tegesipun bilih busana saged damel ajining dhiri, tembung sanes “ajining slira saking busana.” Amargi menawi tiyang ngagem busana ingkang pantes lan jumbuh kaliyan swasana ugi ndadosaken tiyang sanes ing sakiwa tengen kita ugi nggadhahi raos ngormati.
Mungguhing tiyang sanes menawi ningali tiyang ingkang mangagem busana sarwi pantes ugi dados resep wonten ing pasrawungan ingkang lajeng saged dados numusi raos kapilut, kasmaran, sarta sengsem. Pramila busana Jawi punika badhe saged damel pamoring tiyang mangagem busana. Liripun tiyang busana kedah sami emut paugeran adat mirunggan tiyang Jawi, ingkang boten nilar babonipun, inggih punika kraton. Pramila cak-cakanipun ngagem busana kedah laras, resep, lan miyayeni. Tegesipun yen ageman lan ingkang ngagem punika laras lan jumbuh kalihan saliranipun, sarta papanipun. Kanthi punika temtu saged katingal anggun mriyayeni.
Busana pancen wonten sambetipun kalihan kaluhuran (status sosial), saged damel anggun. Mila lajeng wonten busana kagem para sentana, abdi dalem, para bupati, para prajurit, kawula alit, lan sanesipun. Dene ingkang damel risaking kabudayan antawisipun wontenipun busana modifikasi utawi campur bawur. Lan ingkang mrihatosaken sanget punika antawisipun salon-salon ingkang kirang mangertos paugeran tata caraning busana Jawi.
Ngemuti busana Jawi mliginipun busana Mataraman, punika mengku werdi ingkang lebet. Jer menawi dipun panggalih kenging punapa nyampingan, sinjangan, jaritan, utawi bebetan ngagemipun kedah ngagem wiron, lan seret pethak kedah katingal. Yen ngagem nyamping lerek kedah pirsa miringipun, sedaya punika wonten tigang prekawis, inggih punika anggun, resep, lan laras. Dene tegesipun anggun, mengku teges luhur. Luhur punika jejering Allah, mila busana murih saged ngluhuraken asmaning Pangeran. Resep, mengku teges mranani, ngremenaken, awit sedaya tiyang boten nilar tiyang sanes, mila busana murih damel resep anggenipun sami sesambetan utawi sami srawung. Laras, mengku teges cocok, klop, awit sedaya tiyang remen yen sami cocok, cocoking manah, lan kawontenan.
Busana Takwa utawi surjan mengku samudana, kados dene jejering janggan, utawi gulon, kadamel ngadeg, kanthi benik belah banten cacah tigang pasang, ingkang ngemot tigang prekawis inggih punika iman, ilmu, lan ikhsan. Dene janggan nutup jangga (gulu) tegesipun wewarah murih tiyang sampun gampil menga-mengo, mindhak katingal clila-clili kemaki. Mila gesang kedah ngener ing kautaman utawi nyatriyani. Kejawi ugi saged nahan tutuk murih boten kathah wicanten sareh kebak wicaksana, awit sampun kawentar wonten bebasan ajining dhiri saka lathi.
Busana surjan perangan sisih ngajeng, dipun damel modhel sambung sogokan ngiwa-nengen, murih saged nutupi dhadha kiwa tengen. Werdinipun, tiyang gesang sampun ngantos remen mameraken dhadhanipun, murih boten sami adigang, adigung, adiguna, prayogi sami sepi ing pamrih. Dene tangkepipun kadamel nengen, mengku wewarah murih tiyang gesang sampun gadhah karemenan tumindak ngiwa. Lengenipun kadamel mbluju dawa tanpa kancing, tegesipun tiyang yen tetulung ingkang ikhlas.
Tiyang ngagem busana Jawa puniku kedah ngemuti sekawan prekawis supados anggenipun ngagem busana saged laras, cocok kalihan kawontenan. Tiyang ngagem busana kedah ngemuti sekawan prekawis, inggih punika, sepisan, kedah empan papan, liripun laras kalihan pigunanipun, upami badhe kangge jagong utawi resepsi, badhe layat, nyambut damel, kangge tilem lan sapiturutipun. Kaping kalih laras lan jumbuh kalihan adat lan budaya dhaerah, tegesipun busana punika modhel dhaerah pundi, modhel Solo, Ngayogya, Sunda, lan sapiturutipun. Kaping tiga, laras kalihan badanipun ingkang ngangge, awit saged ugi dipunangge si A pantes, sae, nanging dipunangge si B pranyata boten wangun. Kaping sekawan, kedah laras kalihan undha-usuking kalenggahan sarta yuswa, mila wonten busana ingkang mligi kangge lare, kangge priya utawi wanita diwasa, ingkang sampun nambut silaning akrami, lan sapiturutipun.
Busana Jawa utawi Mataraman ugi kedah ngemuti punapa ingkang kasebat sekawan  prakawis wau. Malah miturut pengageng Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, busana Jawa ingkang kasebat takwa punika nggadhahi teges ingkang lebet, upaminipun wontenipun benik cacah tiga punika mralambangaken tigang prakawis, inggih punika iman, ngelmi, lan ikhsan. Iman punikau gayutipun manungsa dhateng Pangeran Kang Maha Kuwaos. Ngelmi, gayutipun pirantos gesanging manungsa, awit kejawi iman lan takwa ugi kedah marsudi ngelmi. Kaping tiga, ikhsan, inggih punika manungsa kedah tansah ngrumaosi dhateng Gusti Kang Murbeng Dumados, Gusti boten sare, tansah pirsa dhateng sedaya patraping kawula.
Busana surjan punika mengku pangajab sarta nggiring supados manungsa tansah saged njagi lestantuning gesang salebeting bebrayan ageng, sarta tansah sami ngluhuraken Pangeran, kados bebasan manunggaling kawula lan Gusti.
Busana Jawa ingkang jangkep utawi komplit punika kaperang dados kalih, inggih punika busana kangge priya lan busana kangge wanita, punika ubarampe lan tatacara panganggenipun benten-benten. Menawi ageman kakung ubarampenipun inggih punika nyamping utawi bebet, surjan, iket, lontong kamus, keris, lan selop. Punika ingkang dipunwastani ageman Jawa jangkep. Dene yen putri, ageman Jawa jangkep punika nyamping, kebayak, lan ukel. Ukel punika wonten warni-warni, malah sami-sami dene ukel tekuk, nanging ukel tekuk Yogya benten kalihan ukel tekuk cara Sala. Semanten ugi ukel ing dhaerah sanes, benten-benten malih.
Caranipun ngagem dhuwung, langkung rumiyin kedah mangertos cirining dhuwung, awit dhuwung dhaerah satunggal lan satunggalipun boten sami, ageng alitipun, sarta cakrik modhelipun. Mila kedah mangertos cara ngagem dhuwung punika, awit ngagem dhuwung kedah njumbuhaken kalihan kabetahanipun, upami ngangge dhuwung badhe kangge pahargyan, caranipun ngangge benten kalihan yen badhe beksa, utawi kalodhangan sanesipun. Dhuwung modhel Mataraman wonten werni kalih, inggih punika modhel gayaman lan branggah.
Cara ngangge dhuwung punika wonten pinten-pinten nama, upamanipun modhel klabang pinipit utawi pipitan,wonten ingkang mastani modhel ngogleng, caranipun ngangge dhuwung miring nengen utawi asta tengen. Punika kangge pahargyan utawi upacara resmi. Modhel Munyuk ngilo, wonten ingkang mastani cara kewal, dhuwung kaangge miring ngiwa, kaangge dening para prajurit ingkang ngasta bedhil lan kangge mbeksa. Modhel andoran utawi dederan, dhuwung kaangge ngadeg jejeg, mligi kangge marak priyagung ingkang kinurmatan, utawi ing papan ingkang kinurmat kados ta ing mesjid, makam lan sanesipun. Modhel anggaran, dhuwung kaangge sajawining lontong, ngangge wadhah piyambak kaselehaken ngajeng sisih kiwa, mligi kangge komandhan prajurit. Wonten malih cara modhel nyothe, inggih punika ingkang diagem para pendheta, resi, panji lan prajurit dhaeng. Cara anggar, inggih punika kawadhahan wadhah ingkang mligi upaminipun kanthong dhuwung.
Ageman cara Mataram punika mengku werdi kang lebet sanget, manawi kamanah kenging punapa kedah nyampingan, utawi bebetan, kedah ngangge wiron, kedah manut pranatan ingkang maneka warni, punika sedaya supados saged mujudaken kawontenan anggun, resep, lan laras. Tegesipun anggun punika, mengku teges luhur, dene luhur punika jejering Pangeran, pramila manungsa ngangge busana amrih ngluhuraken Pangeran. Resep, punika tegesipun mranani, ngremenaken, awit manungsa punika mesthi bakal sesambetan kalihan manungsa sanesipun, pramila ngangge busana ingkang pantes supados damel remening tiyang sanes ingkang ningali. Laras, tegesipun cocok, klop, cocok ing manah lan kawontenan.
Dhuwung ingkang wujud gayaman punika wujudipun pindha gayam, dene ingkang branggah wujudipun kados sungu. Keris branggah racakipun kangge prastawa ingkang resmi kadosta upacara, manawi gayaman kangge prastawa climen utawi padintenan.
Jangkeping busana Jawi punika ing antawisipun ngagem iket. Ing jaman rumiyin ngagem iket amargi cara ngagemipun dipun ubet-ubetaken utawi dipun iket lan dipun tangsuli. Mila lajeng sinthingan katingal warni-warni, wonten njethar, wonten sinthingan dipun damel panjang ngantos kemlembreh dumugi ngajengan ugi wonten sinthingan dipun dadosaken satunggal sisih kiwa tengen mondholan kados kuping trewelu dados ketingal njepiping. Bab cara ngagem iket punika wonten warni tiga, katitik saking mondholan, sinthingan, lan blumbangan.  Mila kagem ngawekani gampilipun ngagem, lajeng badhe ingkang kangge iket dipun blangkon, mila lajeng wonten sebatan iket blangkon. Sedaya wau amargi wonten sambetipun kalihan kabetahan utawi tandha kalenggahan. Kanthi ningali iket ingkang dipun agem saged katandha ingkang ngagem punika resi, sentana dalem, abdi dalem, malah kepara saged kangge cihna ingkang ngagem punika nggadhahi kadigdayan lan sanes-sanesipun.
Bab ngagem iket sapunika langkung gampil, amargi namung kados ngagem topi, ewasamanten menawi boten pirsa caranipun ngagem inggih katingal lucu, mila prayogi ngagem iket blangkon supados katingal mriyayeni, pucuk sinthingan sampun ngantos katingal, samanten ugi sisih ngajeng ingkang dhawah nginggil alis, prayogi katambah setunggal jempol, sampun tebih saking alis, punapa malih nutupi alis, awit badhe katingal lucu.
Wujud lan rerenggan iket blangkon gaya Ngayogyakarta punika wonten kalih, inggih punika blangkon modhel Metaraman lan modhel Kagok. Kalih-kalihipun gadhah perangan ingkang meh sami, inggih punika ing perangan wiron, mondholan, cethetan, kemadha, lan tanjungan.
Motif ingkang racakipun kangge iket blangkon inggih punika motif modhang, blumbangan, celeng kewengen, jumputan, sida asih, sida wirasat, taruntum. Motif-motif kala wau ingkang sampun kawentar dipun agem kangge damel iket blangkon modhel Ngayogyakarta. Nanging ugi wonten motif sanes ingkang kajumbuhaken kalihan kabetahan utawi kawontenan.
Iket mujudaken asil karya budaya ingkang ngandhut makna simbolis. Upaminipun wiron, kadamel pitulas lempitan, mengku teges murih lampah utawi tindakipun boten klentu kasrimpet. Mila wonten paribasan wirone byar-pet. Nanging wonten ingkang kagungan pamanggih, wiron pitulas mujudaken kathahing rakaat nalika sholat salebeting sadinten.
Mondholan mengku teges bilih jejering kakung punika nggadhahi sesanggenan ingkang kedah dipun lampahi. Lajeng cethetan, utawi dipun sebat sinthingan, mengku teges satunggaling gegayuhan wonten ngarsaning Pangeran. Ugi dados pratandha sipat watak utawi jejering satunggaling tiyang kakung.
    Kemadha menggahing badhe/kain, punika satunggaling paesan pinggir, kados dene wengkuning badhe/kain, mila tegesipun bilih gesang punika kawengku dening edi penining  kawontenan donya. Nanging sebatan kemadha ing iket blangkon ingkang mapan wonten sacelaking talingan punika werdinipun kangge nyamekaken utawi nglarasaken awit sok sintena gesang kedah saged nglarasaken kalihan kawontenan, mila duk samanten dados tandha kelompok abdi dalem, upami saking Ketanggungan, Wirabrajan, lan sanesipun. Tanjungan punika asring kasebat jengger, punika mengku teges supados katingal langkung perwira, mila tumusipun murih dipun subya-subya, dipun pepundhi utawi dipun puja-puja.
Pilihan motif punika mengku werdi pinangka lambang, iket motif modang, kinarya lambing kasekten pinangka ngregem sipat angkara murka, tegesipun murih saged ngawonaken mengsah ingkang wonten salebeting angga pribadi nanging wonten ingkang kagungan pamanggih sok sintena ngagem iket modang pangajabipun saged ngemot utawi momot kadang, saged ngladosi sok sintena  kemawon.
Motif celeng kewengen, mengku teges murih tiyang ingkang ngagem dados tiyang ingkang ajrihan, ugi lambang kejujuran, prasaja, utawi bares. Motif Kumitir, dados lambang bilih tiyang boten kersa kendel ingkang tansah ngudi murih saening gesang. Motif Blumbangan, saking nama blumbang, ingkang tegesipun papan ingkang kebak toya. Dene toya punika piyambak lambang sumbering panggesangan. Motif Taruntum, wujud sebaran sekar-sekar ingkang alit-alit, mila dados pralambang kartika ing wanci dalu, wedinipun bilih gesaninging titah boten saged pisah kalihan kalih prekawis, inggih punika padhang peteng, bingah sisah, sugih mlarat, lan sapanunggalanipun.
    Motif Wirasat tegesipun satunggaling pangajab supados Kabul sedaya panuwunipun. Dene motif Sida Asih, lambang satunggaling pangajeng-ajeng utawi pangajab murih saged sami asih tresna.
Para mudha minangka generasi penerus budaya Jawa pancen kedah mangertosi paugeran punapa kemawon ingkang dumugi ing dinten puniki tansah dipunugemi dening para leluhur kita. Sampun ngantos punapa kemawon ingkang kasebat kala wau namung kantun dados cariyos benjang tumraping putra wayah kita sedaya.

Artikel Perpustakaan Lainnya

A.R. BASWEDAN KETURUNAN ARAB-INDONESIA YANG MENGAKUI INDONESIA S A.R. BASWEDAN KETURUNAN ARAB-INDONESIA YANG MENGAKUI INDONESIA S
 15 January 2014  2219

A.R. Baswedan adalah peranakan Arab-Indonesia yang mengakui bahwa Indonesia adalah tanah airnya. Ia dilahirkan di Kampung Ampel,...

PASAR KOTAGEDE PASAR KOTAGEDE
 28 December 2013  1851

Pasar Kotagede yang masih eksis hingga saat ini menurut beberapa sumber sejarah diketahui telah ada sejak zaman Ki Gede Pemanahan....

Kebijakan Preservasi Bahan Pustaka dan Arsip BPAD DIY Kebijakan Preservasi Bahan Pustaka dan Arsip BPAD DIY
 12 June 2018  584

Perpustakaan dan Arsip di Daerah Istimewa Yogyakarta merupakan salah satu potensi pembangunan daerah. Perpustakaan merupakan pusat...

Kajian Pengembangan  Profesi Pustakawan: dari Librarian ke Cyberian Kajian Pengembangan Profesi Pustakawan: dari Librarian ke Cyberian
 20 October 2021  30

Kajian Pengembangan Profesi Pustakawan: dari Librarian ke Cyberian By. Hendrikus Franz Josef, M.Si ...