DPAD Yogyakarta

SERAT DARMAWASITA

 Artikel Perpustakaan  30 December 2013  Super Administrator  1820  5927

SERAT DARMAWASITA

Alihaksara: Titi Mumfangati

 

Pupuh I Dhandhanggula (12 pada)

 

  1. Mrih sarkara pamardining siwi, winursita dènira maniktra, nujwari Salasa Wagé, tri welas sasi Mulud, kasanga Dal sangkalèng warsi, wineling anengaha, sariranta iku, mring iki wasitaningwang, marang sira putrèngsun jalu lan èstri, muga padha ngèstokna.

 

  1. Rèhné sira wus diwasa sami, sumurupa lakoning agesang, sun tuturi kamulané, manungsa èstri jalu, papantaran dènya dumadi, nèng donya nut agama, jalu èstri dhaup, mangka kanthining agesang, lawan kinèn marsudi dawakken wiji, ginawan budi daya.

 

  1. Yéka mangka srananing dumadi, tumanduké marang saniskara, manungsa apa kajaté, sinembadan sakayun, yèn dumunung mring wolung warni, ingaran asthagina, iku tegesipun, wolung pédah tumrapira, marang janma margané mrih sandhang bukti, kang dhingin winicara.

Artikel Perpustakaan Lainnya

GEREJA BINTARAN SEBAGAI BANGUNAN CAGAR BUDAYA DAERAH ISTIMEWA YO GEREJA BINTARAN SEBAGAI BANGUNAN CAGAR BUDAYA DAERAH ISTIMEWA YO
 28 December 2013  2834

Suatu kawasan dapat dinyatakan sebagai kawasan bersejarah karena memiliki citra yang khas. Kekhasan citra tersebut dapat...

Upacara Tradisional Dulkaidahan Upacara Tradisional Dulkaidahan
 13 January 2014  2517

Bangsa Indonesia mempunyai kebudayaan yang beraneka ragam yang diwariskan oleh leluhur kita yang tersebar di berbagai wilayah....

BATIK : KEKAYAAN BUDAYA BANGSA BATIK : KEKAYAAN BUDAYA BANGSA
 31 December 2013  3881

Batik adalah motif pada bahan tekstil dengan hasil pewarnaan secara perintangan dengan menggunakan lilin batik sebagai zat...

MENGENAL CANDI GANJURAN DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA SEBAGAI TEMPA MENGENAL CANDI GANJURAN DAERAH ISTIMEWA YOGYAKARTA SEBAGAI TEMPA
 28 December 2013  2865

Candi Ganjuran berada di dalam kompleks Gereja Hati Kudus Tuhan Yesus Ganjuran, terletak 17 km dari Yogyakarta, ke arah selatan....